PERANGANE NASKAH PIDHATO
PEPILING Sajrone tanggap wacana (pidato), ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :1. Salam PambukaSalam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.2. PurwakaPurwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.3. Isi utawa Surasa BasaIsi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.4. Dudutan (kesimpulan)Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.5. Pangarep-arepPangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.6. Wasana Basa (penutup)Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
PERANGANE NASKAH PIDHATO
PEPILING Sajrone tanggap wacana (pidato), ana sawenehe perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :1. Salam PambukaSalam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.2. PurwakaPurwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh.3. Isi utawa Surasa BasaIsi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu.4. Dudutan (kesimpulan)Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.5. Pangarep-arepPangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake.6. Wasana Basa (penutup)Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
A.RINGKASAN MATERI1. PranatacaraSaking tembung lingga tata lan cara. Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti laksana, pambiwara lan MC.Syarat –syaratipun dados Pranatacara:a) Nggadhahi kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh.b) Nggadhahi ketrampilan ing bab wicara.c) Nguwaosi materi ingkang badhe katindakaken.d) Nggadhahi prana ingkah ndudut manah.Kejawi menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun minangka Pranatacara lanthi lampah:· Malagawa: tumindak kanthi trampil trengginas.· Matanggap: tanggap ing saliring swasana.· Malaksana: mrebawani· Magatra: Nggadhahi patrap ingkang prasaja.· Mawasta: Sengguh ora mingkuh wruhing rasa lan suba sita.· Mardawa basa: lebda ing bab basa.· Mardawa Swara: wasis ing pangolahing swaraSanguning Pranatacara:1. Olah swaraa) Logat: ngangge dialek jawa (jogja).b) Pocapan: kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero.c) Wirama:ana cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg.d) Wirasa: nalika micara nglaras surasa.2. Olah basa lan sastra : pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane.3. Olah raga : pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa panatacara sing empan papan.4. Olah busana : busana kudu trep karo adat lan swasana.Urutan Reroncening acara1. Salam Pambuka2. Salam talim= salam pakurmatan3. Ngaturaken Puji syukur4. Reroncening acara5. Panutupan6. Salam Panutup2. Tembang CampursariLelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur ati.Cakepane uga prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous, Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun Nganjuk lan sapanunggalane.3. NgudaraosNgudaraos atau ngudhar raos inggih menika ngudharaken rasa / uneg – uneg.4. Tembang MacapatTembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang cilik. Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika:1. Mijil : ateges metu, miyos utawi lair.Paugeranipun: 6 gatra: 10 i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u2. Kinanthi: saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun tuntun/ dipunbimbing.Paugeranipun: 6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i3. Sinom:tegesipun nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh.Paugeranipun: 9 gatra: 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 7i – 12a4. Asmaradana: Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng tiyang sanes.Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 8i – 8e/o – 8a – 7a – 8u – 8a5. Gambuh: Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng dipun gathukaken.Paugeranipun: 5 gatra: 7u – 10u – 12i – 8u – 8o6. Dhandhanggula: tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman gesang ingkang sarwa sarwi endah.Paugeranipun: 10 gatra: 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a7. Durma: saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun, lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun.Paugeranipun: 7 gatra: 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i8. Maskumambang: Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon.Paugeranipun: 4 gatra: 12i – 6a – 8i – 8a9. Pangkur:Saking tembung mungkur/ nyingkur. (Nyingkiri hawa napsu)Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8a -8i10. Megatruh: saking tembung megat/pisah lan ruh. (pegatipun ruh lan raga)Paugeranipun: 5 gatra: 12u – 8i – 8u – 8i – 8o11. Pocung: Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak.Paugeranipun: 4 gatra : 12u – 6a – 8i – 12aPaugeran Macapat
Guru Wilangan: cacahing wanda / suku kata saben gatra.
Guru lagu: dhong – dhingin swanten ing pungkasaning gatra ing sekar.
Guru gatra: cacahing gatra saben sakpada.
Pada: inggih menika bait
Laras: nadha dasar nyekar saking jinis music diatonis.B. LATIHAN SOAL1. Pranatacara kedhah nggadhahi patrap ingkang prasaja kasebat… A. Malagawa D. Magatra B. Mawasta E. Malaksana C. Mardawa basa2. Ingkang dimaksud sengguh ora mingkuh inggih menika, kejawi… A. Tinanggenah D. Jejibahan B. Kajibah E. Mbyawarakaken C. Sesanggen3. MC ing pelantikan / wisuda lan sapanunggalane kasebat… A. Panatacara D. Pranata Adicara B. Pranatacara E. Protokol C. Pambiwara4. Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astaniraTembang ing nduwur kalebet tembang macapat…A. Sinom D. PocungB. Gambuh E. MegatruhC. Maskumambang5. Paugeranipun tembang macapat Gambuh inggih menika…A. 5 gatra: 7u – 10u – 12i – 8u – 8oB. 6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8iC. 6 gatra: 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6uD. 5 gatra: 12u – 8i – 8u – 8i – 8oE. 7 gatra: 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i6. Guru wilangan inggih menika…A. Cacahing wanda saben sak gatra.B. Cacahing gatra saben sak padaC. Cacahing gatra saben wandaD. Cacahing pada pada saben tembangE. Dhong – dhonging swanten7. Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso KetigoNajan Mung SedeloOra Dadi NgopoPenting Iso Ngademke AtiTuladha tembang campursari ing nduwur irah – irahanipun…A. Pacobaning urip D. Kangen koweB. Layang Swara E. Ketaman asmaraC. Tanjung Mas Ninggal Janji8. Karepku jaluk di esemi…Lanjutanipun tembang campursari menika…A. Mengko gek keri ing jamanB. Tingkah lakumu kudu ngerti caraC. Mbok ya sing elingD. Pancene bener kandhamuE. Aja ditinggalake kapribaden ketimuran9. Ing ngisor iki penyanyi campursari, kejawi…A. ManthousB. Didi KempotC. SunyahniD. Sonny JossE. Aning KatamsiKangge nomer 10-12.Prekawis ingkang dumados ing masyarakat bab “kenakalan remaja” mbokbilih langkung damel girising manah/kathah para anem ingkang keblusuk ing tumindak nistha:migunakaken narkoba, damel raja pati, ngrampog, ngrudapeksa, tawur ing mergi awit prakawis ingkang sepele lan tumindhak nistha sanesipun. Awit kawontenan kados mekatenwau, kathah ingkang ngupaya kanthi ngawontenaken seminar, lokakarya ngrembag bab “ kenakalan remaja”, supados sedaya paring kawigatosan.10. Tuladhanipun “kenakalan remaja” inggih menika, kejawi…A. Sinau kanthi sregep. D. NgrampogB. Ngrudapeksa E. Damel raja patiC. Tawur11. Dasanamanipun nistha inggih menika…A. Becik D. awonB. Bombong E. PawiyatanC. Rumaos menjila12. Apa upaya kang saged dingge ngatasi “kenakalan remaja..A. Damel raja patiB. Ngawontenaken seminarC. Tumindhak bombingD. Melu tumidhak nistaE. Melu tawuran.KUNCI JAWABAN1.D 7. C2. E 8. B3. B 9. E4. C 10.A5. A 11. D6. A 12. B
CERITA WAYANG
PRR SMP KLS IX/9 BAHASA JAWA SEMESTER 1 KUR 2013
A. Kompetensi Inti1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.3. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata.4. Mengolah, menyaji, dan menalar dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi ………C. DeskripsiMateri PembelajaranPertemuan 1Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta.A. Materi PembelajaranWacanen nyaring kanthi lafal, intonasi, lan lagu sing jumbuh karo swasana lan wateke paragane !ANOMAN DUTAWancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati. Anoman mlumpat ing wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi. “ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh Nini, nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya, rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.” Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan. Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih. “ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna, ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa, kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal nyembadani. “ Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna ? Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka, aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani. Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol, busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset, Rahwana !!!” Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati. Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus. “ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!” Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi Sinta amrih gelem kagarwa. Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara.Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris:“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa, kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? ““ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya. Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng Ngalengka, Gusti.”Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya apus krama marang ingsun. ““ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka. Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro, awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang Pangeran Rama. “Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang Dewi, Anoman ninggal piweling.“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih, Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “ 2. Negesi Tembung kang AngelØ Wanodya : WanitaØ Sang Hyang Dewangkara : SrengengeØ Duta : UtusanØ Kisma : LemahØ Disingitake : DidhelikakeØ Dununge : PanggonaneØ Kasowanake : DiadhepakeØ Penggalihe : AtineØ Rinantu : DienteniØ Nawala : Serat, layangPertemuan 2Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman DutaPertemuan 3Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta.Pertemuan 4Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman DutaD. Kegiatan Pembelajaran1. Pertemuan Pertamaa. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)1) Guru memberi salam,` Peserta didik merespon salam dari guru2) Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru5) Guru menampilkan dan memperkenalkan tokoh-tokoh wayang Ramayana, peserta didik memperhatikanb. Kegiatan Inti (60 menit) ………………
c. Kegiatan Penutup (10 menit) 1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya2. Pertemuan Keduaa. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)1) Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru2) Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru5) Guru mengingatkan kembali materi sebelumnyab. Kegiatan Inti (60 menit) ……………………………………….
c. Kegiatan Penutup (10 menit)1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya3. Pertemuan Ketigaa. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)1) Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru2) Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru5) Guru mengingatkan kembali materi sebelumnyab. Kegiatan Inti (60 menit) ……………………..
c. Kegiatan Penutup (10 menit)1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnya4. Pertemuan Keempata. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)1) Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru2) Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik memimpin doa3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik menerima informasi dari guru4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru5) Guru mengingatkan kembali materi sebelumnyab. Kegiatan Inti (60 menit) ………………………………..
c. Kegiatan Penutup (10 menit)1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran pada hari ini2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat memahami cerita wayang.3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran berikutnyaE. PenilaianA. Penilaian1. Teknik dan Bentuk Instrumen ……………………….
2. Contoh Instrumen Penilaiana. Pengamatan SikapLembar Pengamatan Sikap ……………………………………Rubrik penilaian sikap…………………………………….B. Tes TertulisWangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep!1) Adhedhasar wacan crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta, sebutna paraga-paragane lan watake!2) Anoman diutus Prabu Ramawijaya nggoleki sapa?3) Apa buktine menawa Anoman iku utusane Prabu Ramawijaya?4) Anoman diutus Prabu Ramawijaya menyang ngendi?5) Sebutna piwulang becik apa wae sing bisa kokjupuk saka crita wayang Ramayana Anoman Dhuta!KUNCI JAWABAN1.Paraga ing crita Anoman Dhuta yaiku- Anoman watake sae, tanggung jawab- Dewi Shinta watake setya tuhu marang garwa, sabar- Trijatha watake sabar lan wicaksana- Dasamuka watake angkara murka- Wibisana watake wicaksana2. Dewi Shinta 3. Buktine yaiku Ali ali kagungane Prabu Ramawijaya4. Negara Alengka5.Piwulang becik ing crita Anoman Dhuta yaiku – Menawa didhawuhi kudu ditindakake kanthi becik – Ora kena tumindak ala, Pedoman PenskoranSaben wangsulan kang bener diwenehi biji 2.saengga menawa bener kabeh bijine 10.C. Media/Alat dan Bahan Pembelajarano Media PembelajaranGambar tokoh wayang Anoman, Sinta, Rama, Dasamuka, dsb.o Alat dan Bahan PembelajaranLaptop, LCDD. Sumber Belajaro Majalah berbahasa Jawao Buku teks yang relevan